Rabu, 14 Oktober 2009

Kaleh Sinten?

Kaleh Sinten?

“Pye ya bu..anake dhewe ki wis pek 28 taun. Kok durung ana sing nembung-nembung. Jan jane ki guru ngajine ki niat nggoleke rak tho bu..?”
“Sing sabar dhisik tho pak. Wong anake dhewe ki sih digoleke sing apik, sing pas, sing podho utowo sekufu sak kabehane rak trimong agamane thok pak. Mengko nek wis wayahe yo mesti rabi tho pak..”
“Lha nanging kapan bu? Lha po rak mesakne bocahe tho bu. Tambah kuru kae awake. Opo mikirke bojo?”
“Yo nek mikir mungkin mikir pak. Tapi wong anake dhewe ki ora isoh antheng, polah wae. Nggarap skripsi yo rak rampung-rampung. Wis didongane wae gen lek ndang payu rabi. Enthuk bojo sing sholeh, pinter, sogeh, ngerteni anake dhewe yo pak yo..”
“Iyo yo bu.. skripsine yo gen lek ndang bar”
“Amiin..”

Sruput…
"Wah kopine enak tenan bu.”
“Yo wis mesti tho pak. Sing nggawe sopo sik..”
“Yo mesti tho bu..wong dhewe ki wis urip bareng 38 taun. Mosok rung reti nggawe kopi sing enak. Kebangeten nek koyo nggono kuwi..”
“Eh bu..jan-jane kriteria bojo sing dikarepke anake dhewe ki koyo opo tho bu? Kok aku rung mudheng sing dikarepke?”
“Wong anake dhewe ki ora kakehan kriteria kok pak. Sing penting agamane apik. Nek crito ki njaluke sing iso nambah semangate ngibadah marang gusti Allah kok pak. Lha nek masalah pinter yo kudu bojone mengko sing pinter. Wong anake dhewe ki dhuweni cita-cita dhuwur butuh konco sing iso dijak mikir maju.”
“Lha anake dhewe ki sing sak benere pengin dadi opo tho bu?”
“Macem-macem pak. Anake dhewe ki yo pengin dadi hafidhoh wong sing apal qur’an. Rak ketang anake dhewe ki lali nan. Angel kon apalan. Tapi nek wis apalan yo tenanan. Dek mben kae pernah crita nek awake ki pengin dadi penulis. Makane dheknen geleme kerjo sing ono hubungane karo nulis nulis. Tapi dheknen ki yo pengin nduwe usaha panganan. Lha wong anake dhewe ki pinter nggawe-nggawe panganan tho pak. Tapi yo kuwi nek kon dodol rak pathek pinter. Isone mung nggaweni.”
“o..oo.. akeh temen tho bu karepane..”
“Yo ngono kuwi anake dhewe pak”

Sruput…
“Bu piye yo bu nek tak golekno bojo wae. Rak usah ngenteni guru ngajine..”
“Hus jo sembrono pak..kok yo rung ngerti anake dhewe. Wong bocahe ki gelemi digolekne guru ngajine. Lebih aman dan terpercaya jare. Dhek kae yow is tak tawani lha bocahe wegah kon piye maneh.”
“Oo..yo wis. Aku kan mung golek solusi. Tapi nek solusi sing paling apik ning guru ngajine yo aku manut wae bu. Mugo-mugo entuk bojo sing dikarepke yo bu yo.”
“Amiin..”

Greek..
“Sopo kuwi?”
“Kulo bu..?”
“Lha jebule kowe krungu tho nduk..”
“Kapan olehmu rabi?”
“Wong masalahe niku kirang kaleh kok bu pak..”
“Opo masalahe?”
“Kaleh sinten.”
“Weleh..weleh..weleh…dijak serius kok malah guyon.”
“Lha pripun memang dereng rejekine. Mangkeh nek pun rejekine nggih mesti rabi tho bu pak..”
“Yo wis tak dongane wae nduk..”

By. Zahro ^-^

Tidak ada komentar:

Posting Komentar